Materi/ Bahan Ajar Drama Tradisional
A.
Tegese
Drama
Drama
mujudake crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa kahanan
tartamtu ditulis kanthi wujud pacaturan lan dipentasake ing panggung.
B.
Titikane
drama :
1.
Wujud crita kang diandharake nganggo
pacelathon lan dipentasake.
2.
Nyritakake lelakon manungsa utawa
kahanan sakiwa tengene manungsa.
3.
Pacelathon digawe wujud babak 1…. 2….
Lan sateruse.
4.
Kahanan sakiwa tengene kadadeyan
ditulis, lumrahe sajrone tandha kurung.
5.
Amarga dipentasake, mula merlokake
ubarampe pentas.
C.
Jinise
Drama:
1.
Komedi yaiku drama sing ngandharake
lelakon kang lucu saengga ndadekake wong kang nonton ngguyu lan seneng.
2.
Tragedi yaiku drama kang ngandharake
lelakon sing sedhih, nrenyuhakelan ndadekake wong kang nonton dadi trenyuh,
wedi lan nelangsa.
3.
Sendratari yaiku drama sing wujude seni
drama lan tari. Crita drama diwujudake lumantar gerakan tari kang kairingi
gamelan.
4.
Tablo yaiku drama kang dipentasake
lumantar swara saka mburine keber/ panggung. Paraga ing panggung mung
nggambarake lan mragakake wae.
5.
Opera yaiku drama dipentasake kanthi
iringan lelagon lan musik. Yen pamentasan mung sadhela diarani operet.
6.
Pantomim yaiku drama sing dipentasake
lumantar obahe awak/ isyarat. Alur crita uga digambarake lumantar gerak.
7.
Dhagelan yaiku drama kang dipentasake
mung kanggo ngguyokake penonton. Dhagelan luwih prasaja tinimbang komedi.
D.
Unsur-Unsur
Sajroning Drama
Lumrahe unsur
drama padha wae karo karya sastra fiksi liyane. Drama kasusun saka unsur
intrinsik lan ekstrinsik.
1. Unsur
intrinsik yaiku unsur kang ana ing
sajroning drama.
a. Tema : Gagasan utama kang diandharake
pangripta utawa pengarang.
b. Paraga :
Pawongan kang ana ing sajroning
drama.
c. Pamaragan : watak paraga kang ana ing sajroning drama.
Kanggo mangerteni watake paraga saka pacelathon bisa rong cara.
1) Saka
tembung-tembung kang diomongake paraga nalika nganakake pacelathon karo paraga
liya.
2) Saka
tetembungan kang diomongake paraga liya nalika ngomongake dheweke.
d.
Alur :
Urut-urutan crita kang ana ing sajroning drama. Nalika crita diwiwiti nganti
paripurna. Alur dhewe diperang dadi telu yaiku alur maju, mundur lan campuran.
e.
Konflik :
Inti saka drama.
f.
Pepeling :
Pesen pangripta kang arep diaturake marang pamaos. Tujuwane amrih para pamaos
nindakake apa kang dikarepake pangripta. Kanggo bisa nemtokake pesen saka
pangripta kudu:
1) Mangerteni
kanthi temen isine crita.
2) Nggawe
dudutan saka isine crita.
2. Unsur
ekstrinsik yaiku unsur kang ana ing sanjabane drama nanging, duwe pangaribawa
kang gedhe. Upamane faktor-faktor sosial politik nalika naskah drama karipta,
faktor ekonomi, faktor lingkungan pangripta, lsp.
Bab-bab sing kudu ditindakake paraga
supaya bisa mentasake drama jumbuh karo dhapukane ing pamentasan drama yaiku:
1. Maca
naskah drama
2. Ngerteni
isi nasakah drama
3. Bisa
ngerteni sajroning ati ngenani watak paraga sing arep diperagakake.
Supaya bisa nggawe naskah drama, ana bab
- bab sing kudu digatekake, yaiku:
1. Nemtokake
tema
2. Nemtokake
konflik / masalah
3. Nggawe
sinopsis
4. Nemtokake
kerangka karangan
5. Nemtokake
paraga protagonis
6. Nemtokake
pungkasan carita
7. Nulis
drama.







Titanium Bead nail | Titanium Art | Titsanium Art
BalasHapusOur Titanium Art is your starting point. microtouch titanium trim walmart Titsanium Tattoos titanium piercings - Titsanium ford focus titanium and other titanium aftershokz Titsanium Art, Art, and ford edge titanium 2021 Cosmetic Designs.
A gambler might participate in the game itself whereas betting on its 카지노 사이트 end result , or he may be be} prevented from any lively participation in an occasion during which he has a stake . Some games are boring or practically meaningless with out the accompanying betting activity and are hardly ever performed until wagering happens . In other games betting just isn't intrinsically a part of} the sport, and the affiliation is merely typical and never necessary to the performance of the sport itself . Some activities of very massive scale normally require industrial and skilled organizations to current and maintain them effectively. Gov. Doug Burgum rejected a plea Wednesday by North Dakota’s American Indian tribes to offer them exclusive rights to host internet gambling and sports activities betting end result of|as a end result of} it is not allowed underneath state regulation. – Gov. Doug Burgum rejected a plea Wednesday by North Dakota’s American Indian tribes to offer them exclusive rights to host internet gambling and sports activities betting end result of|as a end result of} it isn’t allowed underneath state regulation.
BalasHapus