Selasa, 30 Juni 2020

Materi KD 1 Drama Tradisional

Materi/ Bahan Ajar  Drama Tradisional

A.    Tegese Drama

Drama mujudake crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa kahanan tartamtu ditulis kanthi wujud pacaturan lan dipentasake ing panggung.

 

B.     Titikane drama :

1.    Wujud crita kang diandharake nganggo pacelathon lan dipentasake.

2.    Nyritakake lelakon manungsa utawa kahanan sakiwa tengene manungsa.

3.    Pacelathon digawe wujud babak 1…. 2…. Lan sateruse.

4.    Kahanan sakiwa tengene kadadeyan ditulis, lumrahe sajrone tandha kurung.

5.    Amarga dipentasake, mula merlokake ubarampe pentas.

 

C.    Jinise Drama:

1.      Komedi yaiku drama sing ngandharake lelakon kang lucu saengga ndadekake wong kang nonton ngguyu lan seneng.

2.      Tragedi yaiku drama kang ngandharake lelakon sing sedhih, nrenyuhakelan ndadekake wong kang nonton dadi trenyuh, wedi lan nelangsa.

3.      Sendratari yaiku drama sing wujude seni drama lan tari. Crita drama diwujudake lumantar gerakan tari kang kairingi gamelan.

4.      Tablo yaiku drama kang dipentasake lumantar swara saka mburine keber/ panggung. Paraga ing panggung mung nggambarake lan mragakake wae.

5.      Opera yaiku drama dipentasake kanthi iringan lelagon lan musik. Yen pamentasan mung sadhela diarani operet.

6.      Pantomim yaiku drama sing dipentasake lumantar obahe awak/ isyarat. Alur crita uga digambarake lumantar gerak.

7.      Dhagelan yaiku drama kang dipentasake mung kanggo ngguyokake penonton. Dhagelan luwih prasaja tinimbang komedi.

 

D.    Unsur-Unsur Sajroning Drama

            Lumrahe unsur drama padha wae karo karya sastra fiksi liyane. Drama kasusun saka unsur intrinsik lan ekstrinsik.

1.    Unsur intrinsik  yaiku unsur kang ana ing sajroning drama.

a.       Tema          : Gagasan utama kang diandharake pangripta utawa pengarang.

b.      Paraga        :  Pawongan kang ana ing  sajroning drama.

c.    Pamaragan  : watak paraga kang ana ing sajroning drama. Kanggo mangerteni watake paraga saka pacelathon bisa rong cara.

1)      Saka tembung-tembung kang diomongake paraga nalika nganakake pacelathon karo paraga liya.

2)      Saka tetembungan kang diomongake paraga liya nalika ngomongake dheweke.

d.      Alur           : Urut-urutan crita kang ana ing sajroning drama. Nalika crita diwiwiti nganti paripurna. Alur dhewe diperang dadi telu yaiku alur maju, mundur lan campuran.

e.       Konflik      : Inti saka drama.

f.       Pepeling    : Pesen pangripta kang arep diaturake marang pamaos. Tujuwane amrih para pamaos nindakake apa kang dikarepake pangripta. Kanggo bisa nemtokake pesen saka pangripta kudu:

1)   Mangerteni kanthi temen isine crita.

2)   Nggawe dudutan saka isine crita.

2.    Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang ana ing sanjabane drama nanging, duwe pangaribawa kang gedhe. Upamane faktor-faktor sosial politik nalika naskah drama karipta, faktor ekonomi, faktor lingkungan pangripta, lsp.

 

Bab-bab sing kudu ditindakake paraga supaya bisa mentasake drama jumbuh karo dhapukane ing pamentasan drama yaiku:

1. Maca naskah drama

2. Ngerteni isi nasakah drama

3. Bisa ngerteni sajroning ati ngenani watak paraga sing arep diperagakake.

 

Supaya bisa nggawe naskah drama, ana bab - bab sing kudu digatekake, yaiku:

1.      Nemtokake tema

2.      Nemtokake konflik / masalah

3.      Nggawe sinopsis

4.      Nemtokake kerangka karangan

5.      Nemtokake paraga protagonis

6.      Nemtokake pungkasan carita

7.      Nulis drama. 


2 komentar:

  1. Titanium Bead nail | Titanium Art | Titsanium Art
    Our Titanium Art is your starting point. microtouch titanium trim walmart Titsanium Tattoos titanium piercings - Titsanium ford focus titanium and other titanium aftershokz Titsanium Art, Art, and ford edge titanium 2021 Cosmetic Designs.

    BalasHapus
  2. A gambler might participate in the game itself whereas betting on its 카지노 사이트 end result , or he may be be} prevented from any lively participation in an occasion during which he has a stake . Some games are boring or practically meaningless with out the accompanying betting activity and are hardly ever performed until wagering happens . In other games betting just isn't intrinsically a part of} the sport, and the affiliation is merely typical and never necessary to the performance of the sport itself . Some activities of very massive scale normally require industrial and skilled organizations to current and maintain them effectively. Gov. Doug Burgum rejected a plea Wednesday by North Dakota’s American Indian tribes to offer them exclusive rights to host internet gambling and sports activities betting end result of|as a end result of} it is not allowed underneath state regulation. – Gov. Doug Burgum rejected a plea Wednesday by North Dakota’s American Indian tribes to offer them exclusive rights to host internet gambling and sports activities betting end result of|as a end result of} it isn’t allowed underneath state regulation.

    BalasHapus