Lampiran
1
Materi Pembelajaran Teks Deskriptif
1.
Struktur teks tanggap
deskriptif
2.
Unsur basa teks tanggap
deskriptif
a.
Jinise Tembung
1.
Tembung
aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora maujud. Kang maujud
tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud tuladha: pangarsa,
kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp.
2.
Tembung
kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha:
disaponi, nyapu, nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp.
3.
Tembuung
kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata
sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp.
4.
Tembung
sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tuladha: aku,
kowe, dheweke (diarani tb. Sesulih purusa/ wong). Tuladha: -ku, -mu, -e
(diarani tb. Sesulih darbe). Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani tb.
Sesulih pitakon). Tuladha: iki, iku, kene, kana, lsp (diarani tb. Sesulih
panudhuh).
5.
Tembung
wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji, loro
kapisan, lsp.
6.
Tembung
ancer-ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha:
ing, marang, saka, katur, lsp.
7.
Tembung
panggenah/ tetenger yaiku tembung kang nyandhangi barang kang wis genah ana.
Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp.
8.
Tembung
katranganyaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha:
banter, mesthi, tansah, biasane, durung, wingi sore, lsp.
9.
Tembung
pangiket yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine
utawa ukara siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne,
sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp.
10.
Tembung
panguwuh yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane:
adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp.
b. Unggah-Ungguh Basa
Jawa
·
Ngoko lugu :tembung kang digunakake ngoko kabeh, digunakake kanggo wong sing akrab.
·
Ngoko alus : tembunge campuran karma lan ngoko,kanggo wong akrab
kang dikurmati
·
Krama lugu: tembunge karma ugu kabeh, digunakake kanggo awake
dhewe nalika Ngomong karo wong kangdikurmati
·
Krama alus tembunge karma kabeh kanggo ngomong marang kang wus tuwa lan
wong kang dikurmati.








Merkur 37C Safety Razor Review – Merkur 37C
BalasHapusThe Merkur 37c is https://octcasino.com/ an excellent short handled DE safety https://deccasino.com/review/merit-casino/ razor. It is https://deccasino.com/review/merit-casino/ more suitable for both aprcasino heavy and gri-go.com non-slip hands and is therefore a great option for experienced