Lampiran 1: Materi Pembelajaran Basa Rinengga
1. Tuladha Parikan
Ésúk nêmbang
soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.
Esuk nggadhang soré nggadhang,
síng digadhang ra tekå-tekå
Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.
Najan ora mampír, nangíng liwat.
Manuk êmprít, ménclok gódhóng têbu.
Dadi murid, sing srêgêp sinau.
Wajik klêthik gulå abang.
Aja suthík, yèn tumandang
Wédang bubuk, gulå jåwå.
Yèn kêpêthúk ati legå.
Sêpêt sêpêt, sawone mêntah.
Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah.
2. Basa Rinengga
2. 1 Basa rinengga
Rinengga nduweni teges dipacaki,
pinajang dipaesi utawa kinarawista. Kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah,
bregas, lan ngresepake. Basa rinengga bisa uga diarani basa pajangan, basa
pacakan, utawa basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae duweni surasa kaendahan
utawa kaendahaning surasane. Tegese senadyan endah,wong liya
tetep bisa mangerteni apa kang tinulis. Sanadyan mesthi wae akeh uga basa kang
endah sing angel disurasa tegese. Basa rinengga iku asring diprangguli ana ing
geguritan utawa gancaran kang arupa cerkak, roman utawa novel.
Ana rong cara
kanggo ngrengga basa, kayata:
Sarana
tinulis nganggo ukara liya kang tetembungane luwih bregas.
·
Tuladhane: kudu
dikandhakake ora tan kena, aja tan ora banjur dadi basa rinengga
Ngganti
tetembungan sawetara, upamane sarana diganti tembung kawi, banjur dadi basa
rinengga.
·
Tuladhane: tandange
kaya banteng ketaton. Menawa unen-unen iku diganti tembung kawi, senadyan
tegese padha karo basa lumrah, dadine tandange kadi andaka kanin.
Basa
rinengga uga kerep dipranggili ana sajroning ukara pepindhan, candra, bebasan,paribasan,
ukara sesumbar, lelewaning basa (stilistika) lan sapanunggalane.
·
Tuladhane: grana ngrungih pindha
kencana pinata. Ukara kasebut menawa dijlentrehake dadine kaya mangkene:
manut dhapukaning diarani pepindhan, manut isine yaiku candrane irung kang
wangune becik wernane kaya emas kang digilapake sarana patar, iku mau kang
diarani candra. Gajah kajibah, mingkuh katempuh. Ukara iki diarani
paribasan mawa basa rinengga , kang nduweni maksud : kepeksa nindakake, amarga
wis kebanjur saguh.
·
Tuladha
liyane ukara/tembung kang ora lumrah kanggo guneman ing padinan, kayata: anganti,
angkuping, ampang, angsoka, musna, lan samun. Lelewaning basa uga nganggo
basa rinengga, tuladhane: Angin anganti angkuping wengi, Ampang ngumandang,
Kembang angsoka kelangan jingga.
2.2 Gaya Basa
Majas yaiku kiasan basa utawa
lelewaning basa kanggo menehi gambaran kanthi cara mbandingake, nentangake,
nautake lan mbaleni tetembungane. Majas-majas kasebut diperang sajrone majas
bandingan, tentangan, tautan lan perulangan.
2.3 Ragam Basa
Basa yaiku sawijine lambang swara sing dugunakake
kanggo kelompok sosial supaya luwih gampang anggene cecaturan. Basa sing
ngrembaka kanthi apik kudu nduweni sawijine sistem, saka sistem kasebut yaiku
sawijine piranti tata cara sing digunakake kanggo anggota kelompok sosial
supaya kerja samane tetep isih ana. Sistem kasebut nyakup unsur-unsur yaiku :
1. Lambang sing nduweni makna lan bisa dingerteni sing
nggunakake.
2. Lambang nduweni sipat konvensional sing ditemtokake
masyarakat.
3. Lambang-lambang kasebut nduweni sipat arbiter
kanthi dibolan-baleni.
4. Lambang kasebut ana wewatesane ananging produktif,
tegese sistem sederhana lan jumlah aturan sing ana wewatesane.
5. Lambang kasebut nduweni sipat unik lan ora padha
karo lambang liyane.







The Best Merkur Futur Safety Razors | Decade - deccasino
BalasHapusBest Merkur Futur Safety Razors 바카라 · Merkur 메리트 카지노 Futur 34C · Merkur Futur 34C · Merkur Futur 34C · Merkur Futur 34C · 바카라 Merkur Futur 34C