Selasa, 30 Juni 2020

MATERI KD 1 TEKS DESKRIPSI

Lampiran 1

Materi Pembelajaran Teks Deskriptif


1.     Struktur teks tanggap deskriptif


    

2.     Unsur basa teks tanggap deskriptif

a.    Jinise Tembung

1.    Tembung aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora maujud. Kang maujud tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud tuladha: pangarsa, kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp.

2.     Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha: disaponi, nyapu, nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp.

3.    Tembuung kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp.

4.     Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tuladha: aku, kowe, dheweke (diarani tb. Sesulih purusa/ wong). Tuladha: -ku, -mu, -e (diarani tb. Sesulih darbe). Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani tb. Sesulih pitakon). Tuladha: iki, iku, kene, kana, lsp (diarani tb. Sesulih panudhuh).

5.     Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji, loro kapisan, lsp.

6.    Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha: ing, marang, saka, katur, lsp.

7.    Tembung panggenah/ tetenger yaiku tembung kang nyandhangi barang kang wis genah ana. Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp.

8.    Tembung katranganyaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha: banter, mesthi, tansah, biasane, durung, wingi sore, lsp.

9.    Tembung pangiket yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne, sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp.

10. Tembung panguwuh yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane: adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp.

                         

b.     Unggah-Ungguh Basa Jawa

·         Ngoko lugu :tembung kang digunakake ngoko kabeh, digunakake kanggo wong sing akrab.

·         Ngoko alus : tembunge campuran karma lan ngoko,kanggo wong akrab kang dikurmati

·         Krama lugu: tembunge karma ugu kabeh, digunakake kanggo awake dhewe nalika Ngomong karo wong kangdikurmati

·         Krama alus tembunge karma kabeh kanggo ngomong marang kang wus tuwa lan wong kang dikurmati.


1 komentar:

  1. Merkur 37C Safety Razor Review – Merkur 37C
    The Merkur 37c is https://octcasino.com/ an excellent short handled DE safety https://deccasino.com/review/merit-casino/ razor. It is https://deccasino.com/review/merit-casino/ more suitable for both aprcasino heavy and gri-go.com non-slip hands and is therefore a great option for experienced

    BalasHapus